Maksud dari Tangan lan Driji dalam Basa Jawa

TANGAN LAN DRIJI

Ingkang dipun wastani TANGAN wonten ROGO kito sami ,mengku werdinipun wonten PIWULANG PANGERTEN meniko ..

" TANGAN" .. kanggo nangani tandang gawe biso TANGgap ing samubarang ing gawe, Ojo kanggo naNGANi babagan ingkang tundone nyalahi aturan contone nyolong jikuk barang liyan..
Tangan Pinongko kanggo saksi Urip mu.

Ingkang dipun wastani DRIJI wonten tangan mengku maksud

1) DRIJI JENTIK..
Ojo duweni tumindak Seneng nguTIK-nguTIK perkoro ingkang tundone gawe keruwetan  ...
ngucik kesalahane liyan, seneng rasanan rebut bener pamer sopo ingsun , ngasorke Drajate liyan..
Ora becik den tuniru.

2) DRIJI MANIS
Ojo duweni pakulinan ngomong NISto utowo Goroh ,,ucap muna muni ingkang Prasojo Ojo mung lelamisan, janji - janji palsu.

2) DRIJI TENGAH
Ojo duweni awewatak sopo siro sopo ingsun . Pengen unggul datan gelem ngalah..mulane manggon ono tengah .
Ojo aNGAH-aNGAH kebrongot nafsu samubarang ing gawe.
Bisowo neNGAHi dadi juru adil marang laku Urip iro.

4) DRIJI TELUNJUK
Ojo seneng nunjuk dumuk salahing liyan, Ojo seneng duweni sifat Sarwo kepengen ' NJUK Ngene NJUK ngono..tundone kegowo nafsu.
Ojo duwe ROSO tuding..iri marang liyan iku den singkirono.

5) DRIJI JEMPOL
Ojo duweni rumongso apik bisowo rumangsani .
Menungso hamung dadi SAPU TANGAN MOHO KUOSO.
Di titah ing alam Jagad Gumelar kanggo nangani ing gawe.
ora ono sing pinunjul.,
Bener salah mung dadi guru laku.
Prasojo ing ucap laku..
Tansah Merak ati gawe ayem marang titah sakpadane..
Tansah ngestokke dawuh manut marang Pranatan negari.
Iku kang dinarani Menungso layak di acungi JEMPOL.."

TANGAN DRIJI
Kanggo naNGANI  JIkuk babagan laku ing kautaman
Mergo besok tekan Titi wancine tangan driji kanggo saksi sakjroning laku Urip

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aji Blabak Pangantol Antol Sang Brotoseno